Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 8 SMP

Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 8 SMP

Berikut ini merupakan soal ulangan semester I untuk mata pelajaran Bahasa Jawa. Soal ini merupakan soal ulangan semester di SMP N 2 Purwokerto untuk Tahun Pelajaran 2005/2006. Soal terdiri dari 20 soal pilihan ganda, 10 soal isian dan 5 soal penjelasan.

Penggalan Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 8 SMP:

Wacanen wacana iki !

KABENAN

Wulan Desember mujudaken pungkasaning taun. Tiyang – tiyang jawi ngerata basakaken “ gedhe – gedhene sumber “lajeng wulan Januari dipunkerata” Hujan sehari- hari “. Tegesipun wulan – wulan menika kaleresan ing tengah – tengahipun mangsa rendheng. Saben dinten jawahipun nggrejeh, rinten dalu prasasat tanpa kendel. Kathah tiyang nggresula saking cingag lan kagoling pikajenganipun. Pangresah menika kula pireng nalika kula tumut ngeyup wonten griyanipun tiyang caket pasar Banyumas ingkang nembe kabenan.
Panggenan menika kaleres ugi caket lepen Serayu. Critanipun sampun antawis tigang dinten tigang dalu jawah deres sanget tanpa mendha. Tiyang ing padhusunan Ki Kasan Ngali katinggal, tintrim sami ndongong wonten ing griya amargi saking asrep bengkeresen, aras – arasen kumrengkang.

I. Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a,b,c utawa d sing ko anggap bener !

1. Wulan Desember dening tiyang-tiyang dipunkerata basakaken “Gedhe – gedhene sumber” menawi januari kerata basanipun ….
a.jan-jane ora lali
b.udan setiap hari
c. udane mung sekali
d. hujan sehari-hari

2. Pangresah menika kula pireng nalika kula tumut ngeyup wonten griyanipun tiyang ingkang nembe kabenan. Tembung kabenan ingkang kagaris tegesipun ….
a. Kaboten
b. Kegrimisen
c. kabanjiran
d. kajawahan

3. Kumrosak swaraning jawah wonten ketebihan binarung gumrojog benanipun lepen Serayu.
Tembung binarung menika sami kaliyan ….
a. miwiti
b. nyaregi
c. mungkasi
d. nglampahi

4. Sawetawis wonten tiyang ingkang ngengakaken kori. Tembung Kori tegese ….
a. lawang
b. nako
c. angin – anginan
d. jendela

5. Wontenipun jawah ndadosaken benanipun lepen Serayu, adamel kekesing manahipun tiyang ingkang …. sapinggire lepen.
a. dunung
b. dedunungan
c. dedunung
d. demunung

Download Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 8 SMP dari link berikut ini:

Alternatif download link: 4shared.com | ziddu.com

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *